Hi guys. kali ini saya akan berbagi cerita. ini adalah cerita yang saya buat saat saya mendapatkan tugas membuat cerkak (cerita cekak) dari guru bahasa jawa saya. silahkan di baca. maklumin ya apabila masih ada salah salah katanya namanya juga masih dalam proses belajar :D
NALIKA TRISNAKU MBOTEN PIKANTHUK RESTU
Kula mboten nate mahami karya
Allah, Kula mboten nate nyobi mahami. Kula namung saged nrima sedanten takdir Allah.
Takdir ingkang dadosaken kula lahir saking keluarga sederhana, keluarga
kecukupan, Nanging kula terus bersyukur kalih Allah.
Kula ting ndalem kalih ibu,
farhan, lan jakhim amargi bapak merdamel wonten sumatra kawit kula alit amargi kondisi ekonomi ditambah biaya mas
Wahyu kuliah. Bapak namung kondhur setaun ping kalih.
Kaya biasane, saben dina sabtu lan
selasa sore aku berangkat menyang SMA Bakti Nusa sing jarake ora pati aduh karo
sekolahanku kanggo nglatih silat. Sanajan aku lagi disahke dadi pendekar,
nanging aku tetep semangat kanggo nyebarake ilmuku lan hasile yo lumayan kanggo
ngringanke bapak mbayar sekolahku. Latihan iki rodhok bedha karo biasane
mergane ono siswa anyar. “ nama kula Herlina Fatmah”, cah wedok ireng manis lan
nganggo krudung kuwi ngenalno awake. Ora
koyo biasane, mripatku ora bisa ngingeti sakliyane raine pas deweke salaman
karo aku. Aku nganti ora sadar yen tanganku lan tangane ora ucul nalika
salaman. “ Mas Roif, mbak Lina ora arep nyabrang mas, kenopo tangane di cekeli
terus?”, suarane melda mbubarake lamunanku lan gugup ngeculke salamanku karo
Lina. Aku bingung lagi pertama ketemu wae deweke wis iso gawe atiku deg-deg ser. Tapi aku tetep kudu
profesional sebagai pelatih.
Suara
adzan magrib ngundang wong islam kanggo nglampahi sholat. “ adek-adek, latihan
dina iki cukup, sesok dilanjutke meneh, saiki ayo podo jamaah magrib, ngaji
sakwise ngaji lagi padha bali”. Sakwise ngaji aku njupuk motor jupiter MX ku
sing wis tua sing ngeterke aku nuntut lan nyebarke ilmu-imu sig tak dueni kanggo
wong akih ing parkiran. “ lho lin, kok ga bali? Ngenteni sopo?”, takonku nalika
aku ketemu Lina ing ngarep gerbang. “ Niki mas, ngentosi nunutan” jawabe kanthi
lembut. “ omahmu ngendi no Lin?”, aku tekon Lina kanthi ati dredek. “ Desa
Mawar mas”, Lina mangsuli pitakonku ndiluk. “ kabeneran, aku yo arep bali.
Omahku sak jalur karo desa mawar, ayo sekalian bareng, surup-surup cah wedok ga
apik ning pinggir dalan dewekan”, ajakku. “ mboten usah mas, luwih mboten sae
melih nak tiyang ngertos tiyang jaler mboncengke tiyang estri”, jawab Lina.
Barang tak pikir, bener opo sing di kandakke Lina, tapi aku ora tego ninggalke
bocah wedok dewean ning pingger dalan opo meneh mendunge peteng banget sediluk
meneh arep udan. “ wis gak popo Lin, aku kan nggowo tas, kuwe yo nggowo tas
mengko tase di selehke ning tengah ben ga dadi fitnah, dari pada kuwe ning kene
dewean mengko malah di gondol kucing ibukmu ra malah bingung ?”, godaku. Akhire
Lina bonceng aku. Ora suwe, aku lan Lina tekan ngarep omahe Lina. Aku kaget banget,
jebule Lina anake wong sugih, omahe mewah banget koyo istana. Tapi sing tak
kagumi ora kekayaane wong tuane, nanging senajan Lina sugih deweke tetep
ngutamakke agamane, tetep dadi bocah wedok sing lembut, shalihah lan njaga
awake. Senajan lagi kenal, tapi aku tambah kagum karo Lina. “ matur nuwun nggih
mas mpun di terke, nuwun sewu kula mboten ngengken mlebet, amargi sungkan kalih
umi lan abi” ujare lembut. “ alah ora popo Lin, wis ndang mlebu, aku pamit bali
sik ya, Assalamu alaikum”. “ Waalaikum salam”, jawab Lina.
Esuk,awan
nganti bengi mung Lina sing ono ning pikiranku. Aku ngeroso aku mulai trisno
karo Lina. Tapi aku wedi, aku mung wong biasa, wong ora nduwe, bedo karo
keluargane Lina. Ya Allah gusti napa ingkang
kedhah kula tindakaken ?
Dina
terus genti, aku ngrasakke yen Lina uga trisno karo aku, tapi hal sing tak
wedeni kedadeyan. Keluargane Lina ora maringi restu hubunganku karo Lina,
amarga aku saka keluarga ora nduwe. Aku mung bisa pasrah, mung bisa dongo,
nyuwun pitulung marang gusti Allah. Aku ngerti anggene tiyang sepuhe Lina ora
meringi restu merga tiyang sepuhe sayang karo Lina, tiyang sepuhe miker yen
Lina dadi bojoku arep tak pakani opo mergo aku wong ora nduwe. Nanging atiku
ora bisa di bodoni , aku wis kadung trisno karo Lina. Ora enthuk restu dadekake
aku soyo tenanan anggene sekolah, soyo tenanan anggene nglatih adek-adekku
silat supaya bisa dadi pendekar kabih, supaya aku bisa dadi bocah ingkang
sukses. Aku yakin yen jodho kui sampun diatur dening Allah, aku terus dongo
kalih gusti Allah, supaya digampilke sedanten urusanku lan sedanten cita-citaku
saget tercapai termasuk mbahagiakke tiyang sepuh kalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar